Sesorah Dampak Jejaring Sosial Bahasa Jawa

wong sesorah

Melakukan Pidato / Sesorah Jawa

Bismillahirohmanirrohim, kali ini admin DAN’s Blog akan share sesorah atau pidato bahasa jawa yang bertemakan dampak jejaring sosial bagi kita semua. Utamanya para pelajar dan mahasiswa. Sesorah ini merupakan sesorah yang admin buat sendiri dari tugas Bahasa Jawa saat kelas XI. Langsung saja sesorah ini silahkan boleh diedit dan disebarluaskan asalkan mencantumkan sumbernya.

——————————————————————————————————————————————

Assalamualikum Wr.Wb

Ingkang kinurmatan, Bapak Rektor Universitas Gajah Mada , Pak Bambang Giono. Ingkang kula mulyaaken lan ingkang kula tresnani, sedaya Mahasiswa – Mahasiswi Universitas Gajah Mada.

Kaping kapisan, sumangga kita ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, amargi rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing ruang Auditorium Universitas Gajah Mada meniki kanthi slamet tanpa alangan setunggal punapa – punapa.

Kaping kalih, kula ing mriki selaku ketua paguyuban Ngenet Kaloka UGM badhe ngaturaken sesorah bab dampakipun jejaring sosial ing era modern sameniki. “Teknologi soyo suwe soyo maju” . Mboten saged dipunhindari menawi amarga wontenipun internet, jejaring sosial niki lair lan terus ngembang nganthi era modern sameniki. Ing era modern sameniki, jejaring sosial menika sampun dados kaperluan urip sadinten – dinten, umpamanipun ing kagiatan sosialisasi, pendidikan , bisnis, lan sapanunggalanipun.

Jejaring sosial ing era modern sameniki tuladhanipun yaiku Facebook, Twitter, Instagram, BBM, lan sapanunggalanipun. Tuwa, nem-neman , nganthi cah cilik jaman sameniki padha gadhah ingkang namine jejaring sosial. Kabeh padha kecanduan dening jejaring sosial. Mula pramila akehing jejaring sosial meniki kita sedaya kedhah waspada lan ngati-ati bilih jejaring sosial meniki gadahi manfaat sae lan uga manfaat kang ala.

Mboten kabeh jejaring sosial gadhahi manfaat utawa dampak kang positif kangge penggunanipun. Napa malih ing kalangan nem – neman jaman sakniki kang emosine tasih labil. Tegese labil yaiku emosine tasih gampang diubah-ubah tanpa pemikiran kang tebih tanpa mikirke dampak posifipun utawa negatifupun. Pramila sumangga kita cermati dampak positif lan negatifipun anane jejaring sosial meniki.

Dampak positifipun inggih menika :

  1. dados sarana hubungan kang efektif ketimbang ngirim surat ing kantor pos
  2. dados alat kang bisa nyebar pawarta utawa informasi kanthi cepet
  3. dados sarana kang bisa mbiyantu para kalangan mahasisa ing kagiatan sinau
  4. dados sarana kang bisa mangerteni pawarta pawarta kang ayar lan uptodate utawa informasi kang lagi ngetrend jaman sakniki.
  5. dados sarana kangge nambah rencang, utaminipun rencang – rencang kang tebih

Menawi dampak negatifipun inggih menika :

  1. dadosaken para kalangan mahasiswa males anggonipun sinau amargi waktu senggangipun dipunginaaken kangge dolanan jejaring sosial
  2. Wektu sinaunipun kalangan mahasiswa dados kajupuk lan berkurang
  3. Dadosaken kita sedaya kecanduan dening jejaring sosial niki sehingga kita sedaya mboten saged urip nek mboten nyekel jejaring sosial meniki
  4. Kurangipun hubungan sosial dening masyarakat utawa tiyang tiyang sekitar amargi kita padha keasikan dolanan jejaring sosial

Cekap semanten kang bisa kula aturaken , mugi mugi lewat sesorah meniki kita sedaya bisa mikir kritis punapa dampak positif utawi neagitifpun anane jejaring sosial meniki supados kita sedaya mboten rugi ing wingkingipun. Menawi wonten kalepatanipun , kula nyuwun agunging pangaksami. Matur nuwun

Wassalamualikum Wr.Wb

——————————————————————————————————————————————

Sekian semoga memberikan manfaat bagi kita semua..

8 thoughts on “Sesorah Dampak Jejaring Sosial Bahasa Jawa

  1. Cekap semanten kang bisa kula aturaken , mugi mugi lewat sesorah meniki kita sedaya bisa mikir kritis punapa dampak positif utawi neagitifpun anane jejaring sosial meniki supados kita sedaya mboten rugi ing wingkingipun. Menawi wonten kalepatanipun , kula nyuwun agunging pangaksami. Matur nuwun

    Like

  2. Anak STM Pembangunan juga ya?
    Menurut saya, tata urutan udah bener, tp ada sebagian kata yg salah dalam penulisan. Tingkatkan lagi ya! 🙂

    Like

  3. Pingback: sesorah | sinaubasalansastrajawa

Leave a comment